Senin, 03 Februari 2020

Materi geguritan kelas XI

                               GEGURITAN

A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

B. Ciri-ciri geguritan
Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
1. Duwe aturan kayata guru lagu, guru wilangan lan guru gatra.
2. Ukara sing digunakake kudu duweni arti utawa makna.
3. Basa sing digunakake kudu ayu lan kudu sopan.
4. Ing geguritan utawa puisi basa Jawa ing teks geguritan ana jeneng panganggit sing posisi ana ing ngarep utawa ndhuwur teks geguritan.

C. Unsur - unsur intrinsik 
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
1.Tema
2.Bahasa kang endah
3.Judul Geguritan
4.Diksi
5.Citra
6.Purwakanthi
7.Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jenisse Geguritan

Geguritan duwe 3 jenisse:

1. jinis hiccup sing kapisan yaiku babagan gambar sing nuduhake prastawa (deskriptif).
2. Geguritan jinis nomer loro yaiku geguritan sing nyritakake kahanan utawa pengalaman saka awake dhewe utawa wong liya (narasi).
3. Geguritan jinis katelu yaiku geguritan sing ana kritik utawa panginepan.

Contoh geguritan

“ENDAHE ALAM”

Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah

Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki

Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane

–Arvie Diah Pratiwi–



https://www.google.com/amp/s/dimasfan.com/pengertian-geguritan/amp/

2 komentar:

Materi bahasa jawa iklan kelas XI

A.Pengertian Iklan yaiku kabar utawa pesan kanggo membujuk lan nyurung wong ben kegeret nang barang utawaa jasa sing dinyangna, iklan biyas...