Minggu, 02 Februari 2020

Materi bahasa jawa wewaler kelas XII

                             WEWALER

    Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracara marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep dewe kedayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kelebu kaprecayan tansah duwe cara sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon tuhon

1. Gugon tuhon salagu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa bathara kala, kudu ditanggapake wayang kanthi kanthi lakon amurwakala.
Sing kelebu bocah sukreta yaiku:
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kelebu pitutur sing ora kelairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung mboten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3. Gugon tuhon kelebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.

     Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku ketuhanan yang maha esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kabangsan, kulawarga, kadonyan.

Pituduh
      Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.
1. Pituduh magepokan karo Gusti kang Maha Wisesa.
2. Pituduh kang magepokan karo rohani.
3. Pituduh kang magepokan karo Kamanungsan.
4. Pituduh kang magepokan karo Kabangsan.
5. Pituduh kang magepokan karo Kaluwarga.
6. Pituduh kang magepokan karo Kadonyan.

Wewaler

   Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti kang Murbeng Urip.
2. Wewaler kang magepokan karo Rohani
3. Wewaler kang magepokan karo Kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo Kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo Kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo Kadonyan



Kepethik saka: buku basa jawa 3 kelas XII

1 komentar:

Materi bahasa jawa iklan kelas XI

A.Pengertian Iklan yaiku kabar utawa pesan kanggo membujuk lan nyurung wong ben kegeret nang barang utawaa jasa sing dinyangna, iklan biyas...